TUKANG KORAN
Babak 1
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.
Andi
: “Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...”
Reza
: “Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?”
Andi
: ”Murah mas. Amung Rp3.500,-“
Reza
: “Oh, ngono. Iki duwit e”
Andi:
“Wah duitmu gedhe ra ana susuk e? piye iki?”
Reza
: “Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek
mau)”
Andi
: “Lek pancen ngono matur suwun low yo. Oh iki loh korane” (Ngekekno koran
menyang Reza)
Reza
: “Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu”
Andi
: “Iyo, suwun tenan yo”
Reza
: “Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!”