Selasa, 03 November 2015

contoh Pidato Bahasa Jawa


BASA JAWA TUMRAP UNGGAH-UNGGUH LAN TATAKRAMA PERGAULAN

Bismillahirrahmanirrahim
Assalamuk alaikum. Wr. Wb
Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani

Sumangga langkung rumiyin kita sami ngaturaken syukur dumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun . Kita sedaya taksih saget kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan samangke punika.
Para rawuh ingkang minulya kita sedaya sami prihaten ngertosi pergaulan tarunaning bangsa ingkang langkung dangu langkung tebeh sangking unggah ungguh lang jati dirinipun bangsa. Tatakrama warisan leluhur  ingkang kebak tatanan moral kados luntur kegerus jaman . 

 Sedaya meniko disebabaken kathah para tarunaning bangsa ingkang langkung condhong  marang pergaulan utawi budhaya Barat ingkang dhugi saking media cetak, elektronik arupa acara-acara salebete televise, majalah, surat kabar, lan internet. Isi saking acara-acara sedhoyo meniko namung  ditampi ngoten mawon tanpa dipun saring rumiyin. Tindhak kasar, nggunem awon, mblejeti aib ipun sanes kados sego jangan dipun beberaken wonten sedaya media.
Tiyang Jawa kathah ingkang sampun nglalekake Jawanipun menika dibuktiaken meh sedhaya wanten kelas kula basa ibu wonten griya sampun mboten ndamel Basa Jawa padhahal Bapak Ibunipun Tiyang Jawa. Kita sedhaya ngertos dhasaripun pendhidhikan menika lak dipun wiwiti sakeng keluarga.
Basa Jawa ingkang kebak unggah-ungguh lan falsafah gesang dipun anggep nuwun sewu menawi dhen Mas Thukul ngendikan “Ndeso!”  La menika pemangge ingkang keblinger!  Cobi manga sedhaya mawon sami menggalih, Tatakrama kaliyan unggah-ungguh Basa Jawa menika ngemu tuntunan ugi tatanan.  Nuntun ucap lan sikapipun ingkang ngedikan, ugi nata ngendikan menika wonten pundi, kaliyan sinten lan akibatipun mangke dhospundi.  Mboten kok angger ngendhikan sak kepenekipun piyambak.  Contonipun menawi ditawani tetedhan lan keleresan mboten purun  menawi ndamel alasan kedhah mikir perasaanipun tiyang ingkang  maringi.”Matur nuwun keleresan, nembeh mawon kula nedho.”   Nah meniko jawaban bermoral. Mboten kok langsung dijawab “Mboten kulo mboten seneng.”  masio jane yo orah seneng  tenan.
Monggo kita sedoyo uri-uri Basa Jawa ingkang sanget adiluhung damel sarana ndidik putra-putri ing pangajab sageto ndasari moral bangsa ingkang kita tresnani meniko. Sedaya meniko saget dipun wiwiti saking  lingkup keluarga.
Para rawuh mugi ingkang sekedhik meniko saget dipun pundhut  faedha lan manfaatipun. Mugi berkah lan hidhayah Gusti Alloh tansa sumrambah dhumateng kita sami.Semanten saha mekaten atur kula, mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar